Home » » Suluh Pambudi 141 MU

Suluh Pambudi 141 MU

Mulyo mulyaning hurip, ora mergo bondo bandu, sugih luwih,
bagus alus, ayu kewes, lan gung binatoro.
Ananging kang aran sejatining mulyaning hurip:
Manungso kudu anduweni manunggaling Cipto, Roso lan Karyo.
Kanti cecekelan kajibahan paugeraning agomo, bongso lan negoro.
Sahinggo maujud hing bebrayaning hurip lampah laku:
Manunggaling kawulo kelawan Gusti; Tut wuri handayani;
Bhinneka Tunggal Ika; Pancasila; Gulo klopo.

Lingseme bongso kerono manungsaning wis podo: cuwo ing penggalih,
kabujuk netro, mulantoko panguwoso, murko dunyo, daksiyo sepodo-podo.
Iki jaman akeh wong lali. Hananging kudu tetep heling.
Naliko lali kudu heling. Manjing jimat. Habegegeg uwek-uwek,
Kantong bolong, kalimo sodo, cokro menggolo, Kotang onto kusumo.

0 komen:

Posting Komentar

Popular Posts